Halaman

    Social Items

cerita kyai kampung

BackDoorneng pojok tajug cilik, ana wong tua lagi ndonga
nganggo sarung ireng klambine putih
sarunge ireng ora tau dikumbah
gara-gara duwene mung siji

tajuge cilik langka listrike
temboke sukang tabag, tegele ireng
nek wengi nganggone senthir
tapi sembahyang nengkono rasane adem

saben dina, kyaine mulang ngaji bocah-bocah cilik
al-qurane mung siji nggo bareng-bareng
soale langka sing teyeng tuku

kyaine ora tau njaluk upah
pada gelem ngaji mbe wis bungah banget
sing penting pada dadi bocah sing pinter
karo manfangati maring wong akeh

tajuge jenenge Nurul Jannah
Nurul artine cahaya
Jannah artine suwarga
tajug Nurul Jannah artine panggonan sing dadi cahayaning suwarga

sewise sembahyang, kyaine mimpin wiridan
wiridane :
Duh pangeran kulo mugi ndadosaken ing negeri mriki ingkang langkung aman
lan mugi ngrejekeni dateng penduduke rejeki jembar halalan lan apik

saben dina wong sing melu sembahyang neng mesjid wiridan nggo negarane
walaupun negarane mbuh mikirna mbuh ora
nek neng pinggir desa ana tajug cilik urung ana listrike
tapi kepentingan wong akeh selalu diutamakna

pas tengah wengi tajuge padang jembrang
padang kaya padange srengenge
madangi wong sing sering sembahyang neng kono
padang, padang banget, nganti silo

2 comments:

  1. nulis, nulis, nulis.............

    ReplyDelete
  2. nurul jannah kaya jenenge tanggane inyong. angger tajug nggonku jenenge nurul yaqin. aja-aja ana hubungane nurul janah karo nurul yaqin. mungkin masuk dalam jaringan aboge internasional

    ReplyDelete